Advertisement
BASAJAWI- Kabupaten Gunung Kidul saiki klebu laladan subur makmur, sarta kebak manekawerna obyek wisata sing bisa di unggah kanggo destinasi wisata. Potensi wisata kasebut terus di kembangake wiwit taun rong ewunan. Sumber daya alam sing bisa di budidaya sarta di kembangake kanggo wisata terus di budidayadi lan diwewangun, diajab bisa nuwuhake perekonomiane warga desa.
Apa maneh nalika pemerintahan di pimpin dening Presiden Joko Widodo sing ngutamakake pembangunan infrastruktur. Akses jalan desa sing ana nduwur gunung lan tengah alas di wewangun, perlune bisa nglancarake perekonomiane warga desa. Awit saka iku ora gumunake yen liwat dalan ana alas lan gunung, kabeh uwis di aspal utawa dicor.
Saengga perekonomiane masyarakat bisa munggah liwat maneka werna usaha. Ora mung ngandelake tani, nanging bisa uga obyek wisata lan ekonomi kreatif.
Gunung Kidul saiki dadi piandele destinasi wisata Daerah Istimewa Jogjakarta lan pula Jawa sacara umume. Alam pegunungan di upaya lan di budi daya kanggo destinasi wisata, saengga para wisatawan nalika neneka wisata menyang Gunung Kidul ora mung menyang pantai, nanging bisa uga wisata menyang alam pegunungan.
Kaya dene obyek wisata Embung Batara Sriten sing mapan ana Padukuhan Sriten, Desa Pilangrejo,Kecamatan Nglipar, Kabupaten Gunung Kidul. Embung Batara Sriten kawentar telaga gawean ana ing kawasan perbukitan baturagung Gunung Kidul, kurang luwih duwure 859MDPL. Saengga kasebut embung paling duwur ana ing Jogjakarta lan Jawa Tengah.
Nama Embung Batara Sriten di jupuk saka akronim bukit Baturagung lan dukuh Sriten. Miturut cerita, nama sriten asale saka goa kang isine manuk sriti saengga dening warga masyarakat banjur kaceluk Sriten. Miitos manuk sriti kaprecaya saka sesulihe Raden Sri Sadana nalika nunggu Bathari Sri njaga tanene warga saka serangan hama.
Embung Batara Sriten di wangun tahun 2014 lan di resmiake tahun 2015 dening Sri Sultan hamengkubuwono X. Luwase patangewu pitungatus meter persegi, nduweni daya tampung kurang luwih sepuluh ewu meter kubik. Akses dalan mlebu menyang Dukuh Sriten saka protelan dalan raya Kecamatan Ngawen- Nglipar adohe kurang luwih 7,5Km, munggah menyang perbukitan Baturagung. Wisatawan sing pada neneka wisata bisa numpak kendaraan roda loro utawa roda papat. Amarga akses dalam mlebu menyang lokasi uwis di aspal lan di cor.
Nanging butuh konsentrasi nalika ngendalikake, apa maneh tumrape kendaraan roda loro jinis matic. Jalaran dalane munggah wiwit saka dalan raya kecamatan tumeka Embung Sriten.
Karcis mlebu menyang kawasan embung Batara Sriten rata rata limang ewu rupiah nalika liburan, akhir pekan lan dina minggu. Kaya dene obyek wisata embung liyane sing ana wewengkon perbukitan Baturagung.
Embung Batara Sriten miturut Painem, salah sijine warga Sriten, di wewangun kanggo irigasi sawah lan tegal tetanene warga desa. Sakiwa tengene embung isih akeh tetanen pari, sarta tetanen woh wohan kang dadi piandel perekonomiane warga desa. Banyu bening kanggo kebutuhan masak lan ngombe sedina dina ora angel, amarga uwis di alirake munggah nganti tumeka dusun dusun sing ana sakiwa tengene embung. Saengga para wisatawan ora perlu sumelang kekurangan banyu nalika wisata menyang Embung Batara Sriten.
Manekawerna infrastruktur panyengkuyung obyek wisata uwis diwenehi komplit kaya dene, mushola, taman parkir, MCK, kios kopi, pendhapa wewangunan joglo lan sapanunggalane. Obyek Wisata Embung Batara Sriten nduweni ciri mligi destinasi wisata sunset lan sunrise wanci esuk lan sore, sarta spot foto selfi.
Tumrape para pandemen camping, pihak pengelola menehi lahan kanggo kemah sacedake puncak Mangir. Papan paling duwur dewe ana ing perbukitan Baturagung. Saka puncak Mangir, wisatawan bisa ndeleng pemandangan Waduk Gajah Mungkur Wonogiri, Rawa Jombor lan pemandengan Kabupaten Klaten, Wonogiri, Sukoharjo, Gunung Kidul, sarta papan kanggo nyawang sunrise lan sunset nalika metu lan angslup.
‘Para pandemen olahraga paralayang, gantole lan sapanunggalane saben mangsa tertemtu asring migunakake puncak Mangir kanggo spot terjun. Ora ketinggalan komunitas olah raga sepeda onthel saben dina minggu lan akhir pekan, uga akeh sing padha munggah ngonthel menyang Embung Batara Sriten’ Ujare Painem, warga Sriten sing saben dina dodol kopi ana kios sacedake Embung Batara Sriten.
Wewangunan pendapa joglo lan gazebo di cawisake kanggo para wisatawan sing kepingin ngaso sarta nglaras ngerasakake sumilire angin sore. Kanggone pawongan kang demen olah laku spiritual, kajaba neneka wisata menyang Embung Batara Sriten kanggo ngleremake pikiran, uga bisa ziarah menyang petilasane Syech Walijati ana puncak Mangir.
Miturut kandhane Painem, Syech Walijati namane Raden Karsa Pramudya. Deweke nate tapa ana ing puncak Mangir. Kaprecayane warga, Raden Karsa Pramudya nduweni sesambungan kelawan Kasultananan Jogjakarta. Nanging tumeka saiki akeh pawongan ora weruh sesambungane saka ngendi. Pangertenane warga desa, nalika petilasan kasebut dibangun, ana pihak perwakilan keraton Jogja sing neneka banjur ngleksanakake upacara ritual.
‘ Ana cerita mistis nalika petilasan Syech Walijati arep di bangun ‘ Ujare Painem ngandhakake.
Suwasana mendung peteng udan angin deres banget, nalika material pembangunan di tekakake menyang nduwur puncak Mangir. Gendeng , seng lan atap omahe warga padha mabur di gawa angin lesus. Kedadeyan iki ujare Painem, kayadene mratandani anggone bangsa alus pada nyambut wewangunan sing arep di lekasanakake. Sedina sauwise udan angin, petilasan Sycah Walijati banjur di bangun di wenehi kijing lan pager wesi. Para pelaku ritual sing padha neneka donga lan ritual, bisa ngleksanakake ana njero pager petilasan, ora perlu sumelang yen pagere di kunci.
Nalika sepisan di temokake lan arep di bangun, ana salah sijine warga desa kurang tata krama nendangi watu pananda petilasan. Ora suwe sabubare ngrusak watu petilasan, ternak lembune padha mati tanpa sabab, kaya dene di wenehi piwales marang leluhur panjaga petilasan. Warga desa liya sing padha weruh kedadeyan kasebut malah nyukurake kesalahane pawongan kang ora nduweni adab lan tatakrama.
Sadurunge di bangun kanggo embung lan obyek wisata, akeh pelaku ritual saka Klaten lan sakiwa tengene neneka tapa menyang petilasane Syech Walijati. Nanging wiwit di wewangun lan di dadekake destinasi wisata dening Pemerintah daerah, pawongan neneka ritual saiki milih wektu tertemtu. Babagan kasebut nate di ceritake Painem nalika adike lanang sing manggon ana Klaten kocape asring ngeterake pawongan ritual menyang petilasane Syech Walijati.
Kajaba ngalap berkah pangkat derajat, gegayuhane pawongan sing padha neneka akeh kang nyeyuwun gampang sandang pangane. Tumrape para pelaku ritual sing uwis Kabul hajade, biasane menehi selametan sega gurih, gedang setangkep lan panggang pithik minangka atur wujud rasa syukur marang Gusti Allah.
Kayadene Suratmi, warga Sukoharjo nalika di temoni ana ing Embung Batara Sriten ngocapake, anggone neneka wisata menyang Embung Sriten amarga nduweni keistimewaan bisa nyawang pemandangan sunset lan sunrise. Lokasi spot selfi saka katerangane, instragamable banget. Apik lan katon indah banget. Saka nduwur puncak mangir bisa nyawang alas, kutho lan padesan. Akses dalan munggah menyang Embung Sriten di akoni Suratmi saiki uwis alus. Dalan munggah sapiturute desa kabeh uwis di cor alus lan amba, saengga kendaraan roda papat isoh munggah tumeka Embung Sriten.
‘ Ora kaya jaman ndhisik, arep mlaku munggah menyang Sriten rekasa. Akses dalan munggah watu padas di tata ana tengah dalan, yen mangsa udan dalane lunyu ora bisa di lewati’ Ujare nyeritakake nalika deweke munggah menyang Sriten ing taun sangang puluhan. / Mas Jk
