BASA JAWI - Solo kawentar pinangka kutha kuliner kang nduweni manekawerna masakan mligi tradisional asli Solo. Masakan masakan tradisonal kasebut santarane, Sega Liwet, Sop Manten, Selat, Gudeg Ceker, Brongkos,Sega Berkat lan manekawerna masakan tradisional liyane.
Kajaba masakan tradisional sing uwis kawentar, ana uga jajanan tradisionan asli solo saantarane, Klepon, Intip, Kripik, Srabi, Jadah Blondo, Gethuk, Ledre, lan jajanan liyane.
Kuliner tradisional asli Solo nduweni daya tarik tumrape kanggo para wisatawan local lan mancanegara. Saengga ora gumunake, menawa akeh pawongan saka njaban kutho padha neneka wisata menyang Solo mung kepingin ngrasakake kulinere.
Pelaku usaha kuliner ana ing Kutho Solo saben taun sansaya akeh. Warung lan rumah makan bukak tutup merga ora payu. Buka usaha kuliner ana ing Solo ora bisa amung asal asalan. Rasane kudu enak lan nduweni ciri mligi cita rasane. Yen ora nduwe keistimewaan bakal kalah kompetisi.
Wiwit saka warung kaki lima nganthi tumeka rumah makan bintang 5 kabeh kompetisi ana ing pasare dewe dewe.
Salah sijine rumah makan brand masakan tradisional asli Solo sing isih terus ngrembaka nyawisake menu tradisional asli Solo yha iku Kusuma Sari. Rumah Makan Kusuma Sari mapan ana ing pojok prapatan bangjo Nonongan,
Rumah makan kasebut klebu salah sajine kompetitor lawas sing nganthi tumeka sak iki isih bertahan nyawisake menu menu tradisional asli Solo. Saantarane Selat Solo, Sop Matahari, Sop Manten, Tahu Acar, Kroket lan manekawerna menu tradisional liyane. Kusuma Sari kawentar pinangka dapur heritage rumah makan asli Solo.
Miturut Herwita Titi Sekartaji, generasi ke 3 saka pendiri Rumah Makan Kusuma Sari, Sugiyarti Waluya Kusuma, di terangake, anggone ngadekake rumah makan wiwit tahun wolung puluh wolu. Sadurunge usaha rumah makan, Sugiyarti luwih disik buka usaha catering.
Sugiyarti Waluya Kusuma kawentar kaceluk Bu Menggung. Tahun wolung puluhan, Bu Menggung buka usaha katering kanggo nyawisi acara pahargyan mantu lan pesta.
Nalika sepisan ngadegake katering, pawongan kang jejibahan dadi tukang masak asmane Pak Wiro. Deweke nate dadi abdi dalem koki ana ing Keraton Kasunanan Surakarta. Saka kasil kepinterane anggone ngracik manekawerna masakan Jawa lan Belanda, Pak Wiro banjut ngethokake menu kuliner kang saiki dadi andalane Rumah Makan Kusuma Sari.
Sukses nekuni usaha catering, tahun 1988, Sugiyarti banjut mbukak usaha rumah makan nganggo meja nanging gunggung cacah namung telu.
Ngadek ambruk di lakoni Sugiyarti, tundhane sithik saka sithik akhire Sugiyarti sukses nglakokake wirausaha catering lan rumah makan. Ngawa motto leladi ingkang sae, catering lan rumah makan Kusuma Sari saiki kawentar pinangka dapur menu heritage rumah makan tradisional asli Solo. ‘
‘ Slogane ora komplit sanja menyang kutho Solo yen durung mampir menyang rumah makan Kusuma Sari ‘ Imbuh Herwita nerangake slogane rumah makan Kusuma Sari, Solo.
Anggone mbukak wirausaha katering, Kusuma Sari ora mung bisa menehi pakaryan atusan pawongan sing padha nganggur, nanging uga nurunake para entrepreneur wirausaha catering. Katelah saka aslie sing pada makaryo menyang Kusuma Sari, saiki akeh karyawan sing bisa buka usaha catering dewe. Kabeh mau kanyata saka asile sinau menyang Kusuma Sari.
Munggah mudun anggone usaha diakoni Herwita di alami RM Kusuma Sari. Apa maneh nalika pandemic covid 19, rumah makan Kusuma Sari sempat sepi telung sasi. Nanging alhamdulilah , ora suwe banjur rame maneh.
Babagan kasebut dimangerteni banget dening Herwita, apa maneh deweke wakil generasi katelu sing melu nata managemen Rumah Makan Kusuma Sari. Di terangkae nalika pandemi covid nrajang, akeh wirausaha rumah makan padha bangkrut. Sing isih bertahan wektu kui miturut katerangane, rumah makan sing isih ngandelake menu tradisional asli Solo.
Nalika sepisan ngadegake, katering lan rumah makan, pengelolaan managemene di akoni isih amburadul. Di kelola kaya dene managemen rumah tangga, saengga usahane sempat surut. Durung maneh menu kekinian mubal ana ing media social, awit saka iku pihak pengelola kudu bisa ngethutake perkembangan jaman modern.
Amarga yen ora ngetutake jaman, usaha sing uwis maju lan mapan tetap bisa surut katerak competitor liwat tehnologi Digital Marketing.
Masyarakat lan genberasi muda saiki gampang ketarik iklan instagramable. Mula saka iku, pelaku wirausaha mligine jasa kuliner, kudu bisa manfaatake ruang media social. Jalaran bisa nguntungake kanggo pasar iklan wirausaha.
Tuntutan jaman ndadhekake wanita sing akrab di sapa Tita kasebut banjur nata managemen kang trep marang kondisine jaman. Managemen di kelola kanthi apik, bageyan catering lan rumah makan di wenehi manager dewe dewe, saengga bisa kanggo ndandhani kekurangane.
Masakan lan minuman di wenehi menu tambahan kekinian nanging ora ninggalake tradisional lan cirri khase. Kualitase di pretahanake kayadene motto leladine Bu Menggung. Anggone leladi ora mung menehi pelayanan kang apik marang tamu tamune, nanging luwih saka kui, leladi yha uga kualitase rasa, sarta kuantitase nalika nyawisake. Salah sijine menu sing dadi unggulane Rumah Makan Kusuma Sari yha iku Selat Solo lan Sop Manten.
Selat Solo rumah makan Kusuma Sari nduweni cita rasa mligi beda kelawan Selat liyane. Cita rasa kuah Selat kang di ramu bumbu rempah Nusantara di campur racikan sayur lan daging sapi, sansaya nambah maknyuus cita rasa asli Selat Solo Rumah Makan Kusuma Sari.
Apa maneh Sop Manten kang tumeka saiki dadi brand menu masakan tumrap para tamu sing pada dahar menyang Kusuma Sari, sansaya nandesake Kusuma Sari pinangka Dapur Heritage rumah makan asli Solo.
Tahu Acar sing di racik saka sayur, tahu, tempe lan kuah kecap, dadi kelangenane para tamu kang demen dahar menu sayur. Di tambah maneh kroket kentang campur daging, kang nduwe cirri khas empuk, gurih lan lembut, dadi camilan snack para tamu sadurunge dahar abot. Manekawerna menu masakan iki durung komplit yen durung diwenehi menu inuman khas Kusuma Sari.
Ngengingi kompetitor wirausaha kuliner kang terus akeh, sarta ngadhepi generasi muda sing demen menu kekinian, Rumah Makan Kusuma Sari nambahi ragam menu Asian food , Steak lan inuman Jelly Drink.
Spesiale inuman Jelly Drink Rumah Makan Kusuma Sari, di olah saka coconut asli banyu degan. Saengga kesegarane kelapa muda katon banget rasane nalika di ombe. Anggone produksi inuman dewe kanggo njaga amrih kualitas menu sing di sajiake isih tansah kejaga kualitase, sarta dadi cirri mligi menu menu masakan lan minuman Rumah Makan Kusuma Sari. Tetambahan menu kekinian asil saka tuntutan jaman sing kudu ngetutake penjalukane pasar.
Setiap wektu tertemtu, pihak managemen, manager catering lan rumah makan beberangen metting ngonceki babagan pakaryan, menu lan manekawerna persoalan tumrap kawigatenane usaha kuliner. Iklan menyang instagram, facebook, twetter lan media social liyane di rambah kanggo ngenalake marang generasi muda lan masyarakat sacara luwas.
Liyane iklan menyang media social, tembok rumah makan Kusuma Sari sing ana ngarep di gambari mural pesan social saengga bisa dadi daya tarik para generasi milenial neneka menyang Kusuma Sari. Gambar mural sing paling anyar mawujud pesan perdamaian saka pak Presiden Joko Widodo kang di gambar mural lagi nglakonake wayang tokoh Presiden Putin lan Presiden Ukraina.
Ana ing sisih nduwur diwenehi pepeling ruwatan war of III. Gambar mural sing ana tembok Kusuma Sari ora mung kanggo pesan perdamaian, nanging bisa dadi pesan social lan daya tarik sarta branding Rumah Makan Kusuma Sari. (M Joko)